Halaman

Rabu, 01 Oktober 2014

Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas IX

Latihan Soal

1. Tembang gedhe uga diarani tembang . . . . 
 a. Dolanan
 b. Kawi
 c. Macapat
 d. Dhagelan

2. Aksara murda iku cacahe ana . . .
 a. 6
 b. 5
 c. 7
 d. 4

3. Paugerane nulis aksara murda yaiku . . . .
 a. satembung mung sak aksara
 b. aksara murda kudu manggon ing wiwitane tembung
 c. kabeh aksara ditulis murda
 d.. kabeh jawaban bener

4. Bu Indra nulis karangan ing perpustakaan.Yen diowahi dadi basa krama dadi . . . .
 a. Bu Indra nyerat karangan ing perpustakaan
 b. Bu Indra nulis karangan dhateng perpustakaan
 c. Bu Indra nyerat karangan wonten perpustakaan
 d. Bu Indra nganggit karangan wonten perpustakaan

5. Aksara murda kanggo nulis . . . .
 a. tembung manca
 b. jeneng manca
 c. jeneng kanggo pakurmatan
 d. kabeh jawaban salah

6. Cacahe wanda saben sak gatra (larik) diarani . . . .
 a. guru gatra
 b. guru lagu
 c. guru wilangan
 d. saka guru

7. Yen arep pidhato amrih lancar kudu . . . .
 a. gawe naskah pidhato
 b. ngerteni sapa sing bakal ngrungokake
 c. maca buku sing akeh
 d. ngapalake makalah

8. Perangane pidhato kudu nyakup kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba . . . .
 a. pambuka
 b. dudutan
 c. isi
 d. donga

9. Yen lagi pidhato becike kudu . . . .
 a. nggatekake informasi
 b. nggatekake ekspresi
 c. ora kesusu
 d. kabeh jawaban bener

10. Aksara swara cacahe ana . . ..
 a. 4
 b. 5
 c. 6
 d. 7

11. Anik metu saka kelas katon suntrut jalaran biji rapote ala. Dasanamane tembung suntrut yaiku . . . .
 a. seneng
 b. susah
 c. sumringah
 d. bungah

12. Dasanamane tembung omah kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba . . . . 
 a. wisma
 b. pawiyatan
 c. graha
 d. bale

13. Gunane aksara swara yaiku kanggo . . . .
 a. nulis asma
 b. pakurmatan
 c. nulis tembung manca kang kacethakake
 d. kabeh jawaban salah

14. Jam 9 wis padha turu. Dasanamane tembung turu, yaiku . . . .
 a. nendra
 b. sayah
 c. arip
 d. ngaso

15. Dasanama nduweni teges . . . .
 a. duwe teges sepuluh
 b. tegese kabehe sepuluh
 c. duwe teges padha
 d. duwe teges akeh

16. Yen ing sangarepe aksara swara ana aksara sigeg, mula aksara mau kudu . . . .
 a. dadi pasangan
 b. dipangku
 c. digandheng
 d. ditumpuk

17. Cekap semanten atur kula, mugi-mugi ingkang kula aturaken wonten gina manfaatipun.Iki perange pidhato sing diarani . . . .
 a. pambuka
 b. panutup
 c. surasa
 d. pangarep-arep

18. Tembang macapat iku uga diarani . . . .
 a. tembang gedhe
 b. tembang kawi
 c. tembang dhagelan
 d. tembang cilik

19. Cacahe gatra saben sakpada diarani . . . .
 a. guru gatra
 b. guru lagu
 c. guru wilangan
 d. saka guru

20. Guru gatrane tembang sinom ana . . . .
 a. 8
 b. 10
 c. 9
 d. 7

Tidak ada komentar:

Posting Komentar